Pawartos Jemaat
Pawartos GKJ Slogohimo
Pawartos Minggu Keempat Bulan Juni
Minggu, 23 Juni 2024
Bujana Suci Reguler wulan Juli badhe kaleksanakaken ing Minggu, 7 Juli 2024 ing sedaya pepanthan. Peladosan pendadaran kaleksanakaken ing saben kelompok/kring PA.
Pawartos Minggu Ketiga Bulan Juni
Minggu, 16 Juni 2024
Tukar mimbar Klasis Wonogiri lan Klasis Sukoharjo badhe kaleksanakaken ing Minggu, 7 Juli lan 21 Juli 2024. GKJ Slogohimo badhe nampi peladosan Pdt. Mahas Parasdya Agia saking GKJ Bulu tanggal 7 Juli 2024 ing pepanthan Jatisrono lan pepanthan Jatiroto. Dene Pdt. Wuri Ajeng badhe peladosan ing GKJ Baki tanggal 21 Juli 2024.
Pawartos Minggu Kedua Bulan Juni
Minggu, 09 Juni 2024
Proses penjaringan majelis: warganing pasamuwan ingkang sampun sumadya dados pradata nggih punika Bp. Danang Sarwodhi (Slogohimo 1) lan Bp. Harsono (Joho).